blank
Ilustrasi

Pantes Temen Polahmu

wayahe wong sliwar-sliwer golek pangan
awakmu malah pethangkringan
ngelus-elus sedan utangan
iki isih esuk, aku arep lewat, batin mimpesku
kowe mung kober nyawang sakklebatan lan
nunggu nggendring mlayuku
kareben disapa-aruhi dhisik; bokongmu mbok walik
kojur! Pantes temen polahmu
kaya juragan wayahe aleman

aku kepeksa menggok dalan liya
ora sudi nyawang awakmu sing pethengkrangan
kelangan unggah-ungguh mbuh wiwit kapan
blegere sedan sajake wis gawe semugih
kabeh tangga kudu sarwa matur; nggah-nggih
klebu nalika mengko ana dhedhepan juru tagih.

Semarang, 2022

Kang Di Kangen Togel

kepetung pelanggan kepetung istimewa
saben sore Lik Di melu antri – ana kiwan omah
ing kono meja dodolan togel dikepyakke
fotokopinan sonji sing nggodha ilmu matematika
kaya-kaya diempanke tanpa manglung nurut pakeme

“wingi kemistik! Ora isa tuku sate lan bestik
bojo uga gela, ora sida mipik bathik,” gojekanne ngelingake
merdikane wong cilik ing zaman republik

ing ngomah cicilan, sisihane kawit esuk
njereng tukon beras. Piye bisa pulen yen kabeh reregan
padha munggah grobyakan? Lombok lan endog sing nglawuhi
ndedel mbuh temangsang ana ngendi ?!

Semarang, 2022

Amis Politik

lambemu lambe sing amis politik
wingi sesambat arep ngeculake kursi jabatan
merga ora krasan
polahe ilat sugih rerasan lan sodhokan perintah
njojrok saka ndhuwuran
kursi mau kaya-kaya banjur arep mbok pasrahke aku
nanging aku ora gelem – ben liyane wae
ben padha ngrasakake pedhese paidone

nanging bareng petungan sembulih mekrok
gayamu kemrecek alok
kabeh wong sing kira-kira ora gelem; mbok tareni
mbaka siji
kaya-kaya sing lungguh kursimu bakal nandhang
rekasa kedawa-dawa
tak rasa kursi mau tambah nyamleng kanggo nyelehke
bokong lan weteng
saengga awakmu ora patia methentheng
nanging sing liyane, meneng-meneng tetep ngimpekake.
Semarang, 2022

Pasar Manuk Ing Wayah Bengi

manuk pating kleper ora mung ing wayah awan
nalika gabah dijereng ana latar utawa plinthengmu
sing kudu kapang nyakar
durung bedhil sing plurune ablas tumancep
gawe dhadha mak sek klesek! Awakku keranta-ranta
kemleyang tiba

ing wayah wengi manuk-manuk aleman diopeni
ana pasar Sorogenen kutha Pekalongan
sing bakal tuku milang-miling bola-bali
manuk ngoceh lan manggung kaya kontes mbaka siji
sesuk awakmu wis ora ana gayenge pasar iki
dadi kareman ana ngomah lan kebak bekti
kareben anak-putumu nduwe aji

mlebu pasar manuk pancen ngangeni
ngilangake sirah buthek kebak gaweyan
saka sakabehan jujugan paran
ocehe lan polahe ewonan manuk krasa dadi kabejan.
Pekalongan, 2022

Pasar Badran

larane cangkem lan kuku wedhus-wedhusmu
wis mendha. Ora tekan kuping lan glibet semriwing
wis mataun-taun kita nggadho domba saka juragan
bocah-bocah padha ngarep bebageyan

suket lapangan lan galengan wis gripis
mlipir panggonan liya, kahanan padha
mula kudu mbok pikir rekasane bocah-bocah
nalika penekan ana pang-pang wit-witan
mburu godhong nangka, turi teka mlandhing
kareben domba-domba ora kebacut gering

pasare saiki wis dibukak
para blantik balapan miyak
bageyan olehe nggadho kudu digeret menyang pasar
kareben utang ora tambah ngedhuk lan nyakar.
Temanggung, 2022

blank

Budi Wahyono, penggurit kelairan Wonogiri, Sala. Guritanne kasebar ana koran Parikesit, Mekarsari, Solopos, Suara Merdeka, Kartika, Joglo Pos, medhia online Sksp-Literary.com, jatimkini.id, HOMAGI, majalah Jaya Baya, Panjebar Semangat, Djaka Lodang,. majalah Swaratama, majalah Pustaka Candra, Buku kumpulan Geguritanne “Mung Remukan Gorengan” (Triken Publisher, 2020) “Kelingan Gaplek”(Cipta Prima Nusantara, 2021.) Bola-bali entuk sembulih ing jagat Sayembara Geguritan. Saiki manggon ana pinggiran kutha Semarang. Foto: Dok Budi Wahyono