blank

Dening Sulismanto”

“Lha mau lawuhe apa?”

Kemisan nyacak takon maneh ring bocah sing lewat ngarep omahe, nalika dha mulih sekolah. Mbuh wis ping pira iki olehe nakoni bocah-bocah perkara jatah mangan saka program MBG: Makan Bergizi Gratis.

Kaya olehe mbêdhèk, bocah sing semaur ora ana sing nyebut iwak. Kamangka iku sing dienteni. Kawit gek ingenane, nalika ngawiti takon cah sekolah perkara MBG, dheweke kaya ra tau krungu nek lawuhe nganggo iwak.

Ndhok desane, ana sekolahan sing wis patang sasi entuk MBG. Lawuhe iwak nawane lagek ping pindho: bandeng presto sepisan, lele goreng sepisan. Senajan sadesa, SD sandhing omahe sing oleh jatah MBG saka SPPG (Satuan Pelayanan Pemenuhan Gizi) liya, durung tau entuk lawuh iwak blas. SD iki lan sekolahan-sekolahan liya sing sak-SPPG, ndelalah durung ana sesasi melu entuk jatah MBG.

Dhisik kae, nalika lagek pisan pindho takon ring cah SD sandhing omahe, Kemisan ra duwe pikiran apa-apa. Ya mung pengin ngerti wae. Tapi bareng bola-bali takon kok ra tau krungu lawuhe iwak, Kemisan banjur niteni. Pitakone sing keri dhewe iki, nggo nyatakake, apa bener, jatah MBG ndhok sekolahan iku mau pancen meh ra tau entuk lawuh iwak. Lha kok temenan.

Sakjane iku pancen temenan, tah ndelalah pas lawuhe iwak, pas aku ra takon si, ndhe?” pikirane Kemisan.

Suwijine dina, Kemisan nganti nyacak takon ring kanca-kancane mbutgawe. Jebul umume padha. Lawuh iwak kapetung paling arang.

“Ya teka ana si, sing jare meh seminggu sepisan entuk lawuh iwak, senajan ndelalahe lele terus. Nanging nawane ya lagek sekolahan iku. Lha wong padha-padha ndhok kutha, sekolahan liya sing ora sak-SPPG ya jare padha wae arang entuk lawuh iwak kok,” unine Kemisan nalika wis sapejagong karo Ki Juru.

Suwene crita olehe jawaban saka kanca-kancane ring Ki Juru, dememenge Kemisan ra mandheg-mandheg. “Nek ra ayam goreng, ya ayam karage, ayam katsu, teriyaki, ayam kuah bawang putih, bestik, bakso,” ngono anggone mrekutuk nirokake jawabane bocah-bocah saben takon lawuh MBG.

Ki Juru sing krungu gremenge Kemisan nganti gumun. Isa-isane, wong iku nganti apal jeneng maneka olahan ayam lan daging. Kabeh mau, merga kejaba endhog, ya loro kuwi sumber protein hewani sing meh saben dina disuguhake neng menu MBG-ne cah sekolah ndhok sandhing omahe.

“Sing beja ya sing entuk saka SPPG ngendi iku mau ah. Ayam asring, daging tau, endhog biyasa, iwak ya sasate meh saben minggu sepisan,” jlentrehe Kemisan, mbaleni omongane perkara ana SPPG sing gelem ngehi lawuh iwak, sing selang-selinge meh padha karo sumber protein jinis liya.

Ki Juru mudheng geneya Kemisan ndememeng. SPPG sing arang, kepara meh ra tau ngehi lawuh iwak teka ora salah. Wong endhog, daging, lan ayam padha wae sumber protein kok. Nanging kanggo dhaerah kaya Jepara sing garis kisike wae 80 kilometer luwih, kenapa kok mberah SPPG sing kepetung arang ngehi lawuh iwak.

“Iya, pancen nek pas mangan, bocah luwih repot wong iwak iku ana êriné. Tapi rak ya, teka isa diatur si? Upamane cah kelas gedhe dimangsakna sembarang, wong wis isa ngopesi iwak, terus kelas cilik diirisna iwak sing resik saka êri,” unine Kemisan. Ndhok kampunge, balung iwak pancen diarani êri.

Kanggone Kemisan, eman yen  potensi iwak ora di-optimal-ake. Kudune isa digawe selang-seling. Saora-orane anggone ngolah iwak nggo lawuh, padha karo endhog, ayam, lan daging. Kepara luwih asring iwak ya malah apik.

Nek iku iwak segara, wong miyang melu entuk berkah saka program MBG. Saora-orane, iwake luwih payu. Sokur-sokur mundhak rega sithik. Lha nek iku iwak dharat, ya bisa marai wong sing duwe usaha ngingoni iwak, melu ngrasakna dhuwit MBG. Usahane isa saya maju.

“Lha nek liyane iwak? Sing duwe usaha lo biyasane wong sugih-sugih. Perusahaan-perusahaan gedhe malahan. Ngono iku upama iwak melu digawe selang-seling, rak ndhung isa pahda-padha entuk rejeki si?” jarene.

“Durung meneh nek nggatekake dhawuhe Pak Presidhen kanggo nyegah inflasi sing ngiringi Natal lan Taun baru, rak ya malah apik to, nek nganggo iwak? Wong ra tau ana critane, iwak dadi panjurung utama inflasi pangan kok. Nek endhong, daging, karo ayam? Wis bola-bali,” Kemisan ra meneng-meneng, sajak engkek pamer wawasan.

Apa maneh saiki sing dirumati MBG ndhok kampunge kaya lagek cah sekolah. Kemisan ngeling-eling apa sing tau diwaca neng artikel kesehatan. Kanggo kesehatan jangka panjang lan kepinteran, iwak paling cocok. Apa maneh nek iwak segara.

Iwak saka usaha perikanan dharat, padha wae gathuk. Merga uga ngandhut gizi layak senajan nek dibandhing iwak segara rada kalah kandhutan omega-3, yodium, lan vitamin D-ne. Sajrone tulisan kesehatan, omega-3 jare apik kanggo perkembangan pikiran, fokus sinau, lan kesehatan jantung.

Padha-padha sumber protein, ayam lan endhog menang praktise. Dene daging sapi mbuh kebo, apik kanggo nyegah anemia. Kemisan rada kudu ndakwa nek SPPG sing keset ngehi lawuh iwak, mung golek praktis-e mau.

“Ngene iki, nyata ra, nek iwak duwe keunggulan minangka lawuh MBG. Ha kok malah paling arang disuguhake iku piye tah? Bok teka saora-orane padha tah, gentenan karo endhog, ayam, lan daging. Bener ta ora Ki?” kandhane Kemisan.

Ki Juru sing kawit mau mberah menenge, kepeksa nyambungi. Sepisan, nanging kaya emoh kalah dawa karo dememenge Kemisan.

“Tak kandhani, ya. Saben dina iku, kabeh SPPG gawe laporan suguhan ring Satgas MBG kabupaten. Kabeh menu ditulis. Mesthine palaporan iki mendhuwur terus nganti tekan BGN (Badan Gizi Nasional). Saiki iku, luwih penting ngratakake layanan MBG dhisik. Sakabupaten, sing entuk MBG lo, lagek sewidak persen. Malah ana kecamatan sing blas durung entuk. Kok kuwatirmu sek ngono iku lo ngapa tah? Bakale nek wis rata lo, ditata kabeh,” jlentrehe Ki Juru.

Penulis: warga Jepara. Tau dadi penyiar radio kanthi jeneng siyaran Indra Sadewa.