Dening Sulismanto*
“Thok, thok, thok, thok.”
Saka omahe, wis pirang-pirang menit Kemisan krungu swara gandhèn nuli-nuli, ra ana mandhege. “Ha, iya, wis pasang usuk, ra.,” batine Kemisan karo ngetake jam dhindhing sing ndudohake angka 7 kliwat sithik. Dheweke nggetuni olehe keri mangkat sambatan. Jan-jane sekesuk mau ya, ra ngapa-ngapa. Nanging kok ra gage-gage adus, ndhung rada keri.
Ora gelem keri luwih suwe, Kemisan gage-gage nyandhak graji èbèk. Metu saka omah, lakune kebat. Tutug gone tanggane sing lagek nyambat ngunggahake payon, graji diselehake. Karo ngentèni le dha pasang usuk lebar, Kemisan nusul kancane sing dha nyeblokake paku ring debog. Debog sing dha dicebloki paku iku, pintane diunggahake mengko nek wis bar pasang usuk. Pakune kanggo makoni nalika pasang rèng.
Ya ngono iku urip ndhok desa sing tradhisi gotong-royonge lestari. Apa maneh nek wargane sregep-sregep. Nalika ana sing nyambat, meh ra ana tangga sing keri sambatan. Semono uga ing babagan sambatan ngunggahake kap omah.
Saking guyube, aja nganti ana wong sing ethok-ethok isin nalika sarapan wis metu. Kabeh kudu mandheg dhisik olehe nyambut gawe. Sing asale sambatane ndhok ndhuwur wae kudu mudhun sarapan, kok. Semono uga nalika mangan awan sawise penggaweyan lebar.
“Njaluk dikirim ring omah taye lah mberah?” ngono olehe dha undang-undang nalika ana sing ra gage-gage melu mangan. Ha, apa rak tiwas kisinan nek ape emoh mangan?
Merga butuh sing paling penting sambatan ngunggahake kap, ora dha kesuwen olehe sarapan. Sawise mangan lan ngombe sacukupe, ndang nyambut gawe maneh.
Swasana paling gayeng, krasa nalika pasang rèng. Kaya kampung-kampung liyane ndhok Jepara, sabagen sing mberah ndhok kampunge Kemisan, warga nyambut gawe dadi tukang kayu. Kabeh wasis nggandhen. Mulane ngerèngi omah kira-kira ukuran 6 x 12 meter, isa lebar 2 jam. Ditambah 1 jam pasang tèmpèl karo usuk mau, sajrone 3 jam wis ngawiti pasang kenthèng. Kira-kira jam 11, wis isa lebar pasang kentèng pol krepus.
“Matur nuwun, ya, Kang, Lek, Pak. Matur nuwun sedaya,” ngono unine wong sing nyambat nalika penggaweyan lebar kabeh. Nyambat ngono iku cukup ngehi mangan ping 2, udut sacukupe, lan sangu cangkingan plastik jajan nalika mulih. Isine mung jajan sacukupe. Ana sawetara kampung sing nyangoni rokok saben uwong sepelat. Nanging ning kampunge Kemisan, cukup udut pisan-pindho karo sambatan.
Padha-padha ning desa, kampunge Kemisan etungane paling cepet nalika dha sambatan mayoni omah. Senajan jaman wis mberah malihe, mamula ana sing lebar sedurunge tengah rina.
Nganti kira-kira telung taun kepungkur, jam 11 lebar, mamula ora nggumunake. Malah welasan taun kepungkur, isa lebar jam 10, kok. Upama ana omah sing luwih gedhe ndhung durung lebar sekesuk, diterusake bar awan. Biasane sing balik sambatan bar awan, mung sedulure sing nyambat karo kanca raket. Nanging merga penggaweyan sisane karek sithik, ya mamula lebar sedina.
“Kowe thik kaya nglamun, si?” Swarane Ki Juru ngagetake Kemisan.
“Oh, iya, Ki,” jawabe Kemisan kamisosolen, buyar saka anggone nglamun. Sawetara wektu nyawang omah sing dibangun ponakane Ki Juru, jebul Kemisan nglamun nganti eling nalika sambatan gek wingenane.
“Iki karek nglebarake cor midhangan karo molo, ya? Takokna ponakanmu erohi, Ki. Ngene iki bakale disambatake ta ora?,” gage-gage Kemisan nerusake ngomong.
“Nek isa, ya, teka lah nyambat wae ah. Idhep-idhep njaga tradhisi,” jare Ki Juru.
“Iya, Ki. Eman, tradhisi utama nek nganti ditinggal.”
“Lha kowe tek kaya sek wis kudu sambatan meneh. Isih isa nggandhen taye? Wis suwe mbutgawe ning kantor ngono kok,” pitakone Ki Juru.
“Wong tau nukang kayu sek suwe, kok, ditakoni ngono? Kecil ah,” jare Kemisan, Rada umat olehe ondol.
Ki Juru mungkasi omongan, “Ya, wis teka dienteni sawetara dina. Mumpung tradhisi apik iki durung ilang, ayo dipertahan.”
*Penulis adalah Jurnalis Pemkab Jepara. Bekerja di Bagian Protokol dan Komunikasi Pimpinan Setda Jepara.