blank

Dening Sulismanto*

Saben ana sing nyebut Ibu Kartini, wong Indonesia umume padha: eling lelabuhan ing babagan emansipasi. Ha piye maneh? Wong pancen perkara kuwi sing mesthi dirembug ing pengetan Hari Kartini, saben tanggal 21 April. Nanging perjuwangan sing isa diwarisi saka Ibu Kartini pirang-pirang. Kalebu apa sing dadi pengetan dina iki: 2 Oktober, yaiku Hari Batik Nasional.

Satemene, kautaman perkara bathik, uga dadi warisan saka Ibu Kartini. Kahanan iki isa disurasa saka layang-layang sing dikirim marang kanca-kancane ing Nederlan (Walanda). Crita perkara seni lan budaya sing jaman semana ngrembaka neng Jawa nanging ora isa dadi dalan pangan, akeh ditulis dening Ibu Kartini ing layang-layang mau. Ibu Kartini prihatin, ingatase bangsa bumiputra isa ngasilake karya seni lan maneka piranti sing apik, lha kok uripe tansah ing keprihatinan. Padha ora “weruh dalan” dol-tinuku kanthi rega sing apik, sing makmuarake.

Ibu Kartini ora mung ngudarasa. Nanging banjur budidaya, piye carané seni, utamané ukiran lan bathik saka Jawa, isa dadi srana kanggo nguwataké perekonomian masarakat. Bocah-bocah wadon digladhi mbathik ndhok pendhapa kadipaten. Asilé dijikuk sing apik, ditulis lan dicritakaké ring kanca-kancane, nganti pejabat ing Walanda. Tulisan sing irah-irahane “Handschrift Japara” kuwi dikirim tekan Nederlan, kanggo ngenalaké bathik Jepara ing mancanegara. Ora mung bathik, nanging uga ukir, lan maneka prodhuk kerajinan masarakat.

Ibu Kartini uga ngimpun bathik, ukiran, lan maneka kerajinan gaweyane bangsa Jawa, banjur dikirim neng “Pameran Karya Wanita: ing Den Haag taun 1898. Bangsa Eropah banjur weruh, jebul batik lan ukir saka Jepara apik-apik. Malah kepara duwe daya seni lan ekonomi sing kuwat. Saka kono, Ibu Kartini kasil bukak dalan “ekspor”. Ana pesenan pirang-pirang saka Oost en West, bebadan perdagangan Eropah. Para perajin ngawiti oleh asil ekonomi, merga dibagehi rega sing layak dening Ibu Kartini. Ibu Kartini mung mundhut bea kanggo ganti bot repote nyukupi pesenan.

Saiki, luwih saka 125 taun sawise Ibu Kartini mbukak dalan ekspor, bathik Jepara sing wis tau kaya ilang-ilanga, ngrembaka maneh. Perajin bathik Jepara, sing umume manunggal ing Paguyuban Batik Biyung Pralada, ngasilake maneka corak bathik saka gagasané Ibu Kartini lan adhi-adhine: Kardinah lan Roekmini. Ana motif parang para, lung-lungan, sida arum, kembang setaman, nganti motif wayangan Lung Bima Kurda, Sekar Jagat Bumi Kartini, gapura Mantingan, lan liya-liyane. Kabeh dadi pralambang pangajabe para perajin bathik, muga-muga bathik Jepara saya kuncara saindenging jagat.

Sedina sadurunge pengetan Hari Batik Nasional taun iki, Pamarentah Kabupaten Jepara nerapake paugeran sragam anyar. Iya, diwiwiti 1 Oktober 2025. Kekancingane aran Surat Edaran Bupati Jepara Nomor 025/2977 Tahun 2025 tentang Pekaian Dinas Pegawai ASN di Lingkungan Kabupaten Jepara.

Sajrone surat edaraniku,  ana aturan ASN nganggo PDH (pakaian dinas harian) bathik Jepara. Cetha, bathik Jepara. Nganti ditegesake, nek bathik sing dienggo kudu mujudake karya UMKM (usaha mikro, kecil, dan menengah) Jepara. Corake bebas, digunakake ing dinas Kemis, Jemuwah, Setu, lan nalika pengetan Hari Batik Nasional.

Wis samesthine, bebadan sajrone Pamarintah Kabupaten Jepara, mbuh kuwi sing jenenge Dinas, Badan, Sekretariat, Rumah Sakit, Puskesmas, Sekolah, lan mbuh apa maneh liyane, ngugemi paugeran iki. Nggunakake bathik Jepara. Ora mung nyukupi tembung “batik”, nanging bener-bener bathik Jepara.

Kuwi minangka srana sing dipilih pamarintah dhaerah kanggo jaga lan ngrembakaké warisan bathik Jepara. Nek bebadan pamarintah dhaerah ngugemi tenanan, bebadan swasta lan masarakat isa nulad (nyonto). Semono uga bebadan pamarentah pusat lan provinsi sing ana ing Jepara. Kanthi ngono, UMKM bathik Jepara sansaya ngrembaka, banjut ngasilake apa sing jenenge multiplier effect ekonomi, sing bakal gawe Jepara sansaya reja.

 

*Penulis adalah ASN Pemkab Jepara di Bagian Protokol dan Komunikasi Pimpinan Setda Jepara. Mantan penyiar radio dengan nama udara Indra Sadewa.