blank
Sunardi, K.S.

Dening  :  Sunardi KS

Manut  pamanggihe Ir. Yuwono Sri Suwito, MM, ing bukune Wawasan Budaya Untuk Pembangunan : Menoleh Kearifan Lokal, menungsa Jawa iku sipate tepa slira. Luwih dhemen ngudhar perkarane panguripan kanthi sipat mawas dhiri, kanggo ngendhani konflik karo pehak liya. Kanthi cara menggalih, yaiku ngrengkuh antarane rasio lan rasa bakal nemokake wujud pemecahan kang efektif lan efesien. Rumus kang digunakake yaiku 4 N (Neng – Ning – Nung – Nang).

  1. Neng : Meneng. Sadurunge tumindak kudu nenimbang pangrasa kang tenang (anteng) terang (cetha) lan meneng.
  2. Ning :  Mung kanthi meneng jiwa bakal dadi bening.
  3. Nung : Anung. Kanthi jiwa kang wening bakal bisa mikir kanthi becik
  4. Nang : Menang. Saka proses Neng – Ning – Nung bakal kasil ngudhar perkara kanthi efektif lan efesian.

Tepa slira iku, mawas dhiri, menggalih, luwih dhemen njingglengi marang kaluputane dhewe katimbang ngluputake liyan. Yen wong Jawa saiki isih ngugemi budaya kang kaya mengono kabeh, mendah tentreme panguripan.

Tentreme panguripan ateges dadi luwih becik ing samubarang tumindak, ing samubarang laku, ing samubarang muna-muni, ing samubarang pamikir lan pangrasa. Becike ndonya iku yen kawawas jalaran saka becike kabeh menungsa ing alam kabeh iki. Ing ngendi-ngendi negara. Becike negara saka suku-suku ing negara-nagera mau. Lan becike suku-suku saka becike masyarakat-masyarakat. Masyarakat saka kumpulan lan keklumpuke menungsa.

Dadi becike ndonya iku jalaran saka becike menungsa ing saben individu, ing saben pawongan kabeh ing alam ndonya. Kabecikan mokal kelakon yen ora kawiwitan ing saben pawongan, siji mbaka siji.

Ilange Tepa Slira

Ilange tepa slira, mesthi bakal ala ing kahanan. Sipat tepa slira iku ora mung meneng yen ana perkara ala, mung kudu entha-entha ora weruh yen ana pawongan liya nglakoni ala. Nanging sadurunge nglakoni ala kudu ana aruh-aruhe liyan, pengelik-elike liyan kang tepa slira mau.

Kanthi mengkono ateges sipat tepa slira iku kelakon yen pawongan mau pinangka pawongan kang becik. Pribadi kang ora mung bisa ngluputake liyan nanging awake dhewe malah gluput kaluputan. Dadi sipat tepa slira iku kang wigati kudu gelem nggrayangi marang pribadine dhewe luwih dhisik, ing saben pawongan utawa pribadi. Lagi elik-elik marang liyan kang lagi nglakoni ala utawa kaluputan.

Ing kono banjur tuwuh paribasan : yen arep nyapu kudu luwih dhisik resik sapune. Lan ilange sipat tepa slira bakal gampang nuwuhake dredah. Pawongan liya kang diluputake ora bakal gelem ngowahi kaluputane jalaran kang ngluputake kluru dhewe luwih dhisik. Kang mengkono iku mau banjur tuwuh istilah anyar disandra. Wong kang luput nyandra marang pawongan kang ngluputake, jalaran kang ngluputake kleru dhewe.

Saka ilange sipat tepa slira uga bakal ana unen-unen ; dhemene mung nudingi liyan. Kamangka pawongan kang nudingi liyan iku driji siji, driji panuduhe nudingi liyan, driji papat liyane malah nudingi awake dhewe.

Pawongan kang mung dhemen ngluputake, apa maneh yen kang diluputake iku durung mesthi lupute, mula kanggone kang dhemen ngluputake ibarat ; ndhelik saka kaluputan epi-epi (entha-entha) ngluputake. Supaya dianggep becik, wani ngala-ala marang liyan.

Ringkihe Kapribaden

Pawongan kang mung dhemen ngluputake liyan, supaya dheweke dianggep becik prasasat pawongan mau lagi nuduhake karingkihan kapribadene dhewe marang liyan. Seneng dadi pawongan kang gampang maido, senajan satemene bodho utawa sembrana. Seneng ngluputake senajan kebak kaluputan. Ya kang mengkono mau yen menungsa wis wiwit kelangan rasa lan tepa slira. Rumangsa bener dhewe, wis rumangsa marem bisa dhudhah-dhudhah lupute liyan. Pawongan kang mengkono kaya duwe anggepan kaluputane dhewe bakal kaling-kalingan. Kamangka satemene ora. Wong liya bakal ngerti, utawa suwe-suwe bakal ngonangi.

Jalaran kepriye wae pawongan kang ngumpetake lupute dhewe kanthi cara apa wae, prasasat padha karo ngumpetake bathang. Suwene suwe bakal mambu brang-brengan. Ing kahanan saiki akeh dredah jalaran ora trima diluputake dening pawongan kang kebak luput dhewe. Kang mengkono satemene akibat bakal gampang lunture sipat tepa slira.

Sipat tepa slira iku ora jalaran toleran marang kaluputane liyan. Nanging kudu gelem grayang-grayang marang kaluputane dhewe. Yen manut para simbah biyen sipat tepa slira iku banget krasa ana ing pribadi-pribadi Jawa. Ah, apa bener?

Banjur? Apa iki tengara. Apa saiki pancen wis arang-arang wong Jawa utawa wis arang-arang wong Jawa kang isih njawani. Kaya-kaya ora Jawa nanging satemene Jawa. Dadi kaya ngumpetake utawa sengaja nylamur marang Jawa-ne dhewe, nylamur marang kabudayane dhewe. Kang biyen banget dikukuhi dening simbah-buyute, jalaran pinangka ngukuhi uga ‘nilai-nilai kebecikan’. Saiki akeh Jawa ora Jawa, ora njawani, ora ngerti, ora paham. Jawa kelangan Jawa-ne. Lha dalah hara kadalah.

Penulis adalah sastrawan tinggal di Jepara