Dening Sulismanto*
Wong Jepara wis kawit gek jaman kuna kondhang le trampil nukang kayu. Angger ana wong tuku prabot, durung marem nek durung gaweyane wong Jepara. Rak mijiri polosan, rak mijiri ukir-ukiran.
Senajan wis atusan taun, kepinteran nukang cara Jepara, isa diwarisake saka generasi siji ring generasi sabanjure. Ana tradhisi sing dadi kunci, yaiku ngênèk. Cara sing marai cah Jepara kulina nyekel gaman tukang kawit cilik. Kawit cilik dha dadi kênèk, ngênèki tukang sing wis pinter utawa wis pana. Pungkasane, dadi tukang sing pinter.
Ana sing madhakake tembung ngênèk karo nyantrik. Miturut Bausastra Jawa anggitane Poerwadarminta (1939), nyantrik yaiku ngabdi marang pandhita. Dene cantrik yaiku abdining pandhita ngiras dadi murid.
Pancen ngono, bocah sing ngênèk nukang, butuhe ancen dadi muride tukang sing wis pinter. Senajan ngênèk lan nyantrik tegese mèmpêr, mèh padha, tapi wong Jepara sing umume ndhok lingkungan tukang, kulina nggunakake tembung kênèk lan ngênèk.
Minangka mbangun pakulinan kanggo wong ajar mbutgawe, budaya ngênèk wangun wae ndhok ngendi-ngendi ana. Tapi ndhok Jepara, sesambungan utawa pola relasi-ne tukang ahli karo cah ngênèk lumaku apik. Loro karone padha penake. Kawit sepisanan ajar nukang, kênèk isa langsung entuk bagen nek wayah tukang nampa bayaran, kulinane saben dina Kemis.
“Kok isa ngono iku piye, tah?” Menawane ngono pitakone wong sing dha durung reti kulinane wong ngajari nukang ndhok Jepara. Isane ngono, merga pancen tukang ndhok Jepara dha ora kulina mbesiwit. Brèh!. Nyah-nyoh! Dha ora eman ngehi bagen bayaran sawajare ring kênèke lah kena digawe njajan. Idhep-idhep lah marai sing ajar sregep, ndhung cepet isa.
Kejaba iku, senajan karo ngajari, tukang sing duwe kênèk biyasane penggaweyane cepet lêbar. Barang sing digawe cepet dadi. Merga ana penggaweyan sing isa didum karo kênèke, sisan digawe ngajari. Mulane, ngênèk dadi tukang kayu mbuh natah ndhok Jepara ora kudu karo kulawargane dhewe. Isa karo dulur, tangga, malah isa wae sing asale ra kenal. Kabeh isa dilakoni karo sesambungan sing padha penake.
Kejaba tradhisine ngono, ndhok Jepara jinis prabot sing digawe maneka warna. Carane nggawe ana sing gampang, ana sing angel. Mulane cah sing ajar nukang isa ngawiti ngênèk ndhok brak sing gawe barang-barang sing penak digawe ndhisik.
Pamaos pirsa laci sing ndhok sisih kiwa-tengen meja jahit jaman kuna? Merga cilik-cilik, lek digawe saka kayu tipis-tipis, prabot iki umume digawe cah sing dha lagek ajar nukang. Ndhok nggon ajene wong nukang, pancen paling gampang. Mulane senajan tukange dhewe dha lagek isa, mamula ana sing banjur langsung dikênèki cah sing luwih lagek le ajar. Ndhok nggon brak sing isine gawe laci iki, cah ngênèk ngawiti ajar nyekel graji sêgrèk, graji kethok, pyan, gandhen cilik, siku, lan undhuk utawa pasah. Mung tumbengan wae sing kudu digawe wong mbubut. Meteran durung patek kanggo merga umume diukur nganggo mal. Nek ora mal ya plusut. Merga ambane dhasaran, awakan, nganti blok laci isih isa digarisi nganggi plusut.
Nek wis ndhalek nggawe laci, ngalih ajar gawe impres. Ndhok Jepara, tembung impres digunakake kanggo nyebut prabot bangsane meja lan kursi kaya sing kanggo ndhok sekolahan ngono iku, lo. Dibandhing jinis liyane, prabot iki paling penak digawe merga komponene lempeng-lempeng. Nanging nek cara ajen wong nukang, pancen luwih dhuwur saka laci merga barange luwih gedhe. Rega borongane ya luwih larang.
Engko nek wis lanyah gawe mebel impres, mundhak nga nukang ring nggon alusan. Gawe barang-barang ekspor sing mbutuhake kabisan paling njlimet.
Nganti taun 1990-an malah taun 2000-nan kliwat-kliwat sithik, brak sing mligi gawe laci lan impres, separan-paran ana. Mulane ngepenakake cah ajar nukang.
Saiki, tradhisi ngênèk wis saya entek. Kamangka, tradhisi nonformal iki tah sing marai pewarisan nukang isa mlaku apik nganti seprene. Kudune, lingkungan pendhidhikan formal isa dicagerake. Tapi malah wis ra ana sekolah jurusan mebel lan ukir. Jare ana sing jengene Muatan Lokal Seni Ukir ndhok sekolahan. Tapi kuwate nyengkuyung sepira ya? Perda lan Perbup pelestarian ukir, piye kabare? Apa mebel ukir Jepara dijarake lah entek-entek dhewe?
Nuwun!
*Sulismanto, warga Jepara.