blank
Sulismanto

Dening Sulismanto

 

Wis sesasi luwih, ana pitakon neng atine Kemisan. Isa-isane, pamarentah ngetokake BLT (Bantuan Langsung Tunai) sing mung diwehna ring buruh pabrik rokok. Liyane buruh pabrik jinis iki, sing isa melu entuk mung petani mbako.

Iya, kuwi enthok. Buruh pabrik liya lan kadang tani sing nandure ora mbako, blas ra ana sing entuk bageyan.

Sing dirasakake Kemisan, pamarintah ora adil. Ha piye? Sawise dadi “kutha manufaktur”, Jepara duwe pabrik pirang-pirang. Jinise ya rena-rena. Wiwit saka garmen nganti peranti elektronik. Nanging sing diwehi BLT minangka buruh pabrik, kok sing mbutgawe ndhok pabrik rokok ênthok.

Kamangka entuke sek mberah: Rp600 ewu. Iku wae, jarene malah mung separone taun 2025 wingi, sing nganti Rp1,2 yuta. Dene penerima manfaat-e, sakabupaten nganti meh nem ewu uwong. Nanging ya iku mau, kabeh mung ditampa buruh pabrik rokok lan petani mbako.

“Lha adhile neng ndi, tah, Ki?” pitakone Kemisan ring Ki Juru.

Senajan lagi jagongan karo wong mberah, pilihane Kemisan takon ring Ki Juru, bener wae. Suwene iki, Ki Juru dianggep duwe wawasan sing jembar. Nalika saklimah wae Ki Juru durung semaur, warga liya sing dha sapejagong, wis kemroyok le dha melu nambahi. Ana sing nambahi pitakon, ana sing alok, ngetokake le bingung ngrasakake. Surasane padha karo sing dirasakake Kemisan: pamarentah ora adhil.

“Kok sek buruh pabrik liya, si? Ha tukang kayu, wong natah, wong ngamplas, nganti wong nggraji, wae ra dibagehi kok. Kamangka sing atus-atusan taun dadi pangupa-jiwa, sumber perekonomiane wong Jepara rak ya mebel ukir si? Ngene iki apa pamarintah dhaerah adhil?” jare salah siji warga.

Panemune para jagong, ra beda karo swarane warganet sing dha alok neng medhia sosial. Bola-bali intine padha: pamarentah dhaerah ora adhil, malah kepara salah pilih penerima manfaat. Mulane, nalika Ki Juru ngawiti semaur, omongane Ki Juru padha digatekake.

“Beneran wae si, kawit ana BLT jinis iki aku maca britane, banjur golek aturan sing dadi pepayunge. Mulane sithik-sithik aku ngerti,” jare Ki Juru.

BLT sing lagek dha diributake iku jenenge BLT DBHCHT (Dana Bagi Hasil Cukai Hasil Tembakau). DBHCHT, kurang luwihe yakuwi anggaran saka pamarintah pusat sing didum, ditransfer ring dhaerah-dhaerah penghasil cukai utawa mbako. Mesthi wae, sing diarani BLT DBHCHT, ya  pancen BLT sing asale saka DBHCHT sing dtransfer saka APBN ring APBD.

Janjane, BLT DBHCHT wis pirang-pirang taun lumaku. Nek taun iki nganti ngributake ratmaya, merga ndelalah ana akun medhia sosial sing ngunggah brita jadwal pencairan-e. Pawarta iki banjur semebar, entuk komentar lan share pirang-pirang.

Kaya jinis BLT liyane, BLT DBHCHT ana aturane, langsung saka Menteri Keuangan. Nek taun iki, wujude Peraturan Menteri Keuangan (PMK) Nomor 22 Tahun 2026 tentang Penggunaan Dana Bagi Hasil Cukai Tembakau. Saben-saben dhaerah, provinsi nganti kabupaten mbuh kutha, entuk jatah dhewe-dhewe.

Senajan padha-padha melu ring APBD, dhuwit DBHCHT ora oleh digawe blanja manut kebutuhan pembangunan dhaerah. Sing saben taun meh mesthi padha, aturane mblanjakake. Pira wae entuke dhaerah, 50 persen kudu digunakake kanggo bidang kesejahteraan masyarakat, 40 persen kanggo bidang kesehatan, lan 10 persen kanggo bidang penegakan hukum. BLT DBHCHT asale saka bagen bidang kesejahteraan masyarakat.

Ora ana dhaerah neng Indonesia sing olehe nggunakake APBD, isa lumaku kaya tanah perdhikan. Kabeh kudu anut aturan, kalebu PMK DBHCHT mau. Malah nek dibandhingake karo sumber anggaran liyane. DBHCHT paling kaku. Pirang taun kepungkur nalika ana Covid-19, pamarintah tau nganakake sing jengene refocusing anggaran. Nalika iku, blanja anggaran APBN–APBD diatur ulang.

“Ngono iku lo, kok isa-isane DBHCHT enthok sing ora melu di-refocusing,” jare Ki Juru.

“Tegese, nek pengin melu entuk BLT DBHCHT, kudu dadi buruh pabrik rokok utawa dadi petani mbako dhisik, Ki?” Kemisan takon meneh.

“Gelem, ra gelem, ya kudu ngono. Nek iki bokrasakna ra adhil, ya kana ngudarasa karo anggota DPR pilihanmu. Mesthine isa njelasake, geneya ana aturan mau. Apa maneh, DPR pancen wenang ngawasi pamarintah,” semaure Ki Juru.

Nalika Kemisan lan wong-wong sapejagong durung sek isa nampa kasunyatan iki, Ki Juru malah ngehi wawasan maneh sing gawe uwong-uwong dha mak plenggong.

Jarene, perbandhingan bageyan DBHCHT dhaerah siji lan liyane iku sek njomplang. Kaya ta taun 2025 wingi. Saka maneka sumber pawarta, taun 2025 Kabupaten Kudus entuk bagen DBHCHT Rp283,78 miliar. Dene Jepara, mung entuk Rp21 miliar. Tegese, entuke Kudus tikel 13 luwih dibandhing Jepara.

“Mesthi kowe dha ora kaget merga pabrik rokok neng Kudus pancen pirang-pirang. Jenenge wae Kota Kretek. Dene ndhok Jepara lagek ana pabrik rokok pirang iji, to? Tapi coba pikiren, 40 persene DBHCHT iku bakal digunakake kanggo bidang kesehatan,” ujare Ki Juru.

“Dadi, suk mbuh pirang taun kepungkur, rumah sakit karo puskesmas ndhok Kudus saya dha magrong-magrong, tambah uapik-apik, Jepara bakal…,” Kemisan ra isa nglebarake ukarane.

Wong-wong liya mak plenggong. Ki Juru mung mesem.

 

Penulis adalah mantan penyiar radio dengan nama udara Indra Sadewa, bekerja di Bagian Protokol dan Komunikasi Pimpinan Setda Jepara