blank
Sulismanto

Dening Sulismanto

 

“Kowe rak ndhung ra sida nganyari klambimu suk Kemis? Ewuh ah karo penjahitmu, ah. Tiwas diselakna tek malah ra sida kanggo.”

Sek temenanan Kemisan takon kancane. Cara wong mbutgawe, sek ngongkok.

Entuk pitakon ngono, kancane Kemisan sing pegawe iku malah bingung, ra reti karepe. Isa-isane, Kemisan ngarani nek klambi bathik sing lagi dijikuk iku, bakal ra sida dienggo. Kamangka, suk Kemis ya pancen bathik iku sing bakal dienggo ngantor. Idhep-idhep nganyari bathik neng taun anyar.

Telung dina kepungkur, Kemisan pancen dijak kancane iku, njikuk jahitan ring gone penjahit langganane. Mulane Kemisan banjur reti, nek jebul kancane sek nggelak penjahite, njaluk mori bathike didadekake ndhisik lah isa dienggo suk Kemis. Penjahite ya manut, wong pancen wis suwe langganan ndandakake ndhok kono.

Weruh kancane bingung, Kemisan banjur njelasake karepe.

“Jaremu kae, bathik iku rak klambi kanggo ngantor si? Unimu ape bokenggo suk Kemis. Lha, kane iki ana aturan anyar ngono kok. Saiki nek Kemis nganggone sragam Korpri. FYP (for your page) ndhok Tiktokku, trending separan-paran, lo. Mosok kowe sing pegawe malah durung reti?”

Kancane Kemisan pancen lagi ra patia mbukak ratmaya (medhia sosial).  Mung merga ditakoni Kemisan wae, iki banjur mbukak FB-ne. Jebul pancen ana konten sing dikarepake Kemisan: mbagas Surat Edaran (SE) saka Kepala BKN (Badan Kepegawaian Negara). SE iki ngatur sragam pegawe bebadan (instansi) pamarentah: kementerian, lembaga, lan pamarentah dhaerah.

Neng dhaerahe Kemisan, suwene iki dina Kemis pegawe kabupaten nganggo busana bathik. Lha neng SE Kepala BKN iku, sragam dina Kemis diatur nganggo Korpri.

Sawisa sedhela buka FB, kancane Kemisan wis nemu konten sing dikarepake. “Oh iki, tah. Engko digoleki SE-ne, ana tenan tah ora. Tapi upama bener wis ana SE-ne, ya tetap wae suk Kemis aku nganggo bathik…”

Durung sek lebar omongane kancane, Kemisan gage-gage nyela. “Kok isa? Mosok pegawe oleh ora manut aturan? Ha nek cara aku, si, alung mamula kaya aturan sragam saiki. Rak teka sakake karo pengusaha bathik taye.”

“Iya, iya! Suk Kemis aku mamula nganggo bathik. Iki thik kowe kaya kudu muring-muring si? Omonganku aja bok sela dhisik tah, dakkandhani.”

“Iya-iya,” jawabe Kemisan.

Kancane Kemisan banjur nggenahake. Kepala BKN pancen wenang karo SE sragam pegawe. Nanging ora banjur sanalika diterapake. Isih ana menteri, pimpinan bebadan (lembaga), lan Pejabat Pembina Kepegawaian Dhaerah sing wenang gawe SE sabanjure, senajan dhasare ya SE Kepala BKN. Pejabat Pembina Kepegawaian Dhaerah kuwi, neng provinsi: gubernur, neng kabupaten: bupati, neng kutha: walikota.

“Oh dadine owah-owahan sragam kerjamu iki isih nunggu SE Bupati?” pitakone Kemisan.

Kancane durung sek jawab, Kemisan wis mrekutuk maneh. “Nek ngono ya padha wae. Bakale nek wis ana SE anyar saka bupati, nek Kemis pegawe mamula salin sragam Kopri, wis ora bathik maneh. Terus nek Selasa salin coklat khaki, ora nganggo tenun maneh. Bok sek mesakna perajin cilik-cilik sing gawe bathik karo tenun si.”

“Mesakna piye tah?” kancane takon karepe Kemisan.

Jare Kemisan, kabeh uwong ngerti nek perajin iki wis makna wong cilik. Malah mberah sing mung kanggo samben. Olehe nyukupi urip lan butuhe, tetep saka bayaran saka penggaweyan liya. Nek dibandhing pengusaha pabrik tekstil, perajin-perajin iki ra ana apa-apane. Upama ana pengusaha tekstil sing pengin nggintes perajin bathik mbuh tenun, bebasan angel mijet wohing ranti.

Cara padha-padha mbelani, sing duwe wenang ngatur sragam pegawe kudune milih belani wong-wong cilik ngene iki. Nek hari kerja ape dientekna nggo sragaman bahan tekstil kabeh, dalan rejekine perajin lurik (tenun) karo bathik saka pegawe sansaya entek. Kamangka, nalika nganggo sragam bathik lan tenun wae, ana pegawe sing mamula nganggo klambi saka mori tekstil, mung corake wae sing kaya bathik lan kaya lurik. Ketoke bathik, sawangane tenun lan lurik, nanging nyatane, kuwi tekstil.

Kemisan angen-angen, upama wae mberah menteri, kepala lembaga, lan kepala daerah sing gelem diskresi. SE Kepala BKN ora sek ditut kabeh. Iku amrih perajin bathik lan tenun ora  dikurangi dalan rejekine.

“Cara neng dhaerahe dhewe ya alung mamula kaya saiki ah. Nek dina Selasa ra usah salin coklat khaki, nek Kemis ra usah salin Korpri. Tetap tenun karo bathik,” jare Kemisan.

“Oh, nek karepmu ngono, ya muga-muga kasembadan. Mbiyen tau ana kok, gubernur sing ora anut SE sragam saka Menteri Dalam Negeri. Merga gubernur mau milih mbelani perajin cilik. Ora sek mbalela, tapi ancen ora kabeh SE sragam saka menteri mau ditut. Soale ngurangi dina nganggo sragam bathik mbuh lurik ngono lo,” jare kancane Kemisan.

“Jebul ngono? Nek ngono ya  muga-muga bupati, walikota, lan gubernur sing gelem diskresi ya mberah,” Kemisan mungkasi omongane.

 

Bhausastra Dialek Jeparanan

ngongkok : mempeng

njikuk : njupuk

kane : nyatane

ndhung : darung