Dening Sulismanto
Suwene iki, Kemisan umuk nalika ana omongan perkara orog-orog. Rumangsane, panganan sing tulisane uga kerep diawiti nganggo aksara h (dadi horog-horog) iku, anane ndhok Jepara ênthok. Mung duweke wong Jepara. Pikire Kemisan, olahan pati aren iku malah isa dadi jatidhirine Kabupaten Jepara ing babagan panganan.
Apa sing dipikir Kemisan iku pancen jumbuh karo kasunyatan. Sajeg jumleg, Kemisan ra tau weruh orog-orog ndhok kana-kana. Goleka sek kepiye wae, ra isa nemu. Nanging nek ndhok Jepara, golekane sek kepinuk. Sasate ra usah golek, merga saben pasar ana. Saben kudu, karek nga ring pasar, terus tuku.
Ndhok pasar tradhisional, sing adol umume ibu-ibu. Le dodol pinarak dhingklik ngadhep dhunak ditutupi tebok. Orog-oroge didhasarake neng dhuwur tebok, ditata karo janganan lan mangkok isi bumbu kacang. Lawuhe, sate kikil bumbu blondho.
Sing jajan karek milih, tuku orog-orog lawaran isa, jangkep karo janganan bumbu kacang ya isa. Le ngedoli, ditunum godhong jati. Regane murah. Nek orog-orog ênthok, sak tum isa rong ewu repiyah. Senajan murah, ra usah ditakokake rasane. Wis makna sedhep. Nek pengin luwih sedhep ya sisan karo lawuhe, sate kikil bumbu blondho mau. Sak sunduk paling ya ora lunga saka sewu-rong ewu repiyah kok.
Nek olehe tuku orog-orog neng warung ndhok pasar wisata, regane isa limang ewu. Luwih ya isa wae, merga pancen olehe nyuguhake beda. Piringan upamane. Porsine ya luwih mberah tinimbang sing tunuman saka pasar tradhisional.
Balik ring ibu-ibu sing dodol orog-orog neng pasar-pasar tradhisional mau. Ana bakul orog-orog sing sisan cawis lonthong. Carane ngedol lonthong, kaya orog-orog mau. Lonthong irisan diwehi janganan, digebyur bumbu kacang, banjur ditunum godhong jati.
Ben sing tuku duwe pilihan jajanan liya, bakul orog-orog ya mberah sing sisan cawis puthu, alu-alu, lan bubur ireng. Bubur ireng irisan iki ana sing ngarani oyol-oyol. Bedane, nek orog-orog utawa lonthong diwehi topping janganan bumbu kacang. Tapi nek puthu, alu-alu, lan bubur ireng, topping-e parutan klapa. Supaya mirasa, parutan klapane diwuwuri uyah, ana kalane sisan ditambahi gula putih sithik.
Ana kahanan liya sing saya nguwatake pikirane Kemisan, nek orog-orog isa dadi jatidhiri Kabupaten Jepara ing babagan panganan. Ndhok kampunge, nalika ana sing gawe selametan, makna ana tunuman orog-orog ning nggon jajan pasar.
Malah nek wis dicawisake neng meja bakso, orog-orog ndadekake warung-warung bakso ndhok Jepara duwe ciri khas. Anggêr jajan bakso kok neng mejane ana cawisan orog-orog, wis makna, iku ndhok Jepara. Ndhok dhaerah liya ora ana. Ra perduli bakul baksone saka ngendi. Bakso Malang, Bakso Wonogiri, Bakso Sala, lan mbuh dijenengi bakso ngendi wae, nek le adol ndhok Jepara, lumrahe, cawis orog-orog ndhok dhuwur mejane wong jajan.
Ndhok warung-warung bakso ngene iki, orog-oroge lawaran. Dicawisake tunuman ndhok godhong jati. Ana kalane diwadhahi plastik bening. Nalika pesenan wis disuguhake, wong sing jajan karek ngesok orog-oroge ring mangkok: ring kuah bakso. Rasane malah saya seger, saya maregi sisan.
Siji meneh sing ra isa dibantah. Sasi Oktober wingi, orog-orog (horog-horog) ditetepake minangka Warisan Budaya Tak Benda (WBTB) dening Menteri Kebudayaan RI. Kekancingan iki ditampa Kabupaten Jepara, bareng karo limang perangan kabudayan liya, yaiku batik Jepara, tradhisi Baratan Kalinyamatan, Memeden Gadhu, Pindang Serani, lan Ukir Kaligrafi Jepara. Kabeh dadi WBTB-ne Jepara.
Mulane Kemisan bener-bener ra trima. Dina iki, kancane sing lagek mulih saka paran, crita nek dheweke bar mangan orog-orog nalika sanja neng salah suwijine dhaerah liya.
“Kaya Mitro sih, kowe. Nek ngomong nggedebus,” bantahe Kemisan.
Mbuh piye awite, ndhok kampunge Kemisan, nek ana wong sing gawene mblithuki, diundang Mitro.
“Mulane tah, nek dolan iku sing srodok adoh barang, lah reti kana-kana. Nyatakna dhewe tah. Nek dolanmu ngulon, goleka ndhok Indramayu. Nek ngetan, Banyuwangi,” bantahe kancane karo ndudohake HP-ne ring Kemisan.
Pancen ana foto kancane jajan panganan, sing uga diarani orog-orog utawa horog-horog mau.
“Bedane ngene lo. Orog-orog Jepara, digawe saka pati aren. Warnane putih semu bening utawa semu klawu. Lha nek sing diarani orog-orog ndhok kana-kana, digawe saka glepung beras, diuleni karo banyu gula abang banjur didang. Nek wis adhem diparut, didang maneh pol mateng. Banjur disuguhake karo parutan klapa. Warnane coklat kaya thiwul,” jlentrehe kancane.
Kemisan lega. “Owalah, sing padha mung jenenge. Tapi wujud lan bahane bener-bener beda. Nek ngono ya tetap wae orog-orog saka pati aren dadi jatidhiri panganan Jepara, ah,” Kemisan manteb.
Eman sithik, sajrone Bhausatra Jawa-ne Poerwadarminta (1939), salah siji tegese tembung orog-orog malah panganan bngs thiwul. Tinulis ndhok kaca 454.
“Ah, ndahneya nek biyen ana wong Jepara sing melu nulis bhausastra,” pikirane Kemisan nglembara.
Upama ngono, isa wae salah sijine teges tembung orog-orog ya pancen panganan olahan pati aren sing anane mung neng Jepara.
Bhausastra Dialek Jeparanan
jatidhiri: identitas (Ind)
ndhok: neng, ana ing, ning
kepinuk: penak banget
sasate: sasat, meh padha
nga: poc. lunga
dhunak: wadhah/tenggok saka pring
blondho: kenthelan santen sing diklentik
lawar, lawaran: wantahan, tanpa wuwuhan/tambahan apa-apa
tunum, tum, ditunum: salah siji cara mbungkus nganggo godhong
mberah: akeh
cawih, nyawisi: cepak, nyepaki, nyamektakake
khas: kang mligi
anggêr: yen, nalika
kuah: duduh
maregi: njalari wareg
lagèk: lagi
nggedebus: banget apus-apusan, gumedhe omongane
mblithuki: ngapusi
ndahnéya: kaya ngapa banget endahe













