Dening Sulismanto
Seminggu iki, kancane Kemisan rak tau kawanen. Malah sing dina apa kae, persis kaya dina iki: anggone ngenteni jam kerja setengah jam luwih. Merga ijik isuk wis tutug, isa linggah-linggih dhisik ndhok blabak.
Biyasane, ra ketang sepisan mbuh ping pindho sajrone seminggu, mesthi ana dina dheweke meh telat. Olehe tug ngebrak sek ngepas jam kerja. Tutug, langsung mbutgawe.
“Dungaren wis nem dina ngedhur lehmu tutug isa esuk terus,” aloke Kemisan.
“Lha kowe rak reti taye nek seminggu iki cah sekolah libur? Dalan rak ndhung sepi, si. Dadi lehku montoran ya kepenak. Isa mlaku cepet,” jawabe kancane.
Kemisan sing asale ora nglegewa kahanan banjur kelingan. Pancen, seminggu kepungkur, cah sekolah dha tampa rapot. Bar iku terus liburan semester. Ndelalah mbarengi libur lan cuti bersama Natal. Mulane dalan terus sepi. Upama ana cah sragaman sekolah numpak montor, paling ya siji – loro. Mbuh cah-cah mau dha duwe ayahan apa neng sekolahan, nalika kancane dha libur.
“Ha iya, babagan cah sekolah montoran, ndhok kene iku pancen sek ngene kok. Apa maneh kok sing wis SMA, lha wong cah SMP–MTs wae dha gawa montor dhewe kok. Ngono kok diolehi,” sambunge Kemisan semu mrotes, tapi mbuh sapa sing diprotes.
Kemisan banjur kaya mbandhing-mbandhingake. Jarene, ndhok sawetara kutha neng bawah kidul, meh ra ana cah sekolah numpak montor dhewe. Iku jumbuh karo nyatane, nek cah sekolah umume dha durung duwe SIM. Merga pancen umure durung 17 taun. Nek ana sing montoran, umume sragaman SMA/SMK/MA, sing nawane wis kelas dhuwur, ndhung pancen wis isa duwe SIM.
Neng kuthane Kemisan, angger wayah mangkat sekolah, dalan kebak bèr. Senajan ora sithik sing diterake wong tuwane, montor neng dalan tetep wae paling mberah ditumpaki cah sekolah. Merga dalane kebak, isane mlaku ya pancen alon lan ati-ati tenan. Wong mbutgawe kepeksa mangkat luwih gasik lah ora keri.
“Ha nek iku si teka ra apa-apa. Mung butuh wektu pirang menit luwih longgar wae. Sing tak pikir iku malah nek gene-gene neng dalan kok. Cah semono iku kan pancen lagek mempeng-mempenge, si. Nyetang wis angger nyetang, muntir gas sak kempute. Rak duwe teori numpak montor blas, tapi kemlipa, angger ngeeebut wae. Nek gene-gene? Sing tuna lo ora mung awake dhewe, tapi uga wong liya. Bok teka lah umbal tah. Dalane lah longgar ngono lo,” gremenge.
Jare Kemisan, apike cah semono aja diolehi numpak montor dhewe. Nek perlu dioprasi, lah wis ora dibaleni.
Weruh Kemisan kaya durung ape mandheg olehe ngomong, kancane kepeksa nyelani. Kuwatire, nek kadhung rerasan, Kemisan ra mandheg-mandheg.
“Ngene iki, lo, sing marai kepeksa ngomongake babagan sing kudune ora diomong. Lehmu mbandhing-mbandhingake iku lo, sek kaya tau weruh kutha kana-kana dhewe,” celathune kancane, banjur njlentrehake kahanan dhaerahe sing ora isa dibandhingake karo kana-kana.
Senajan kaya diwelehake, Kemisan ngrungokake nganti lebar. Pungkasane, dheweke ngerti nek cah sekolah montoran ndhok dhaerahe, jebul ra isa nek ndhung ujug-ujug dipenging.
Ndhok kana-kana, isa wae cah umuran SMP/MTs dipenging numpak montor dhewe. Mangkat sekolah isa dipeksa umbal. “Lha wong sistem transportasi publike wis temata kok. Ing saben jurusan, montor umbalan pirang-pirang. Nek sing siji bar lewat, ora let suwe, mburine wis ana meneh. Lha nek ndhok kene, sing ana umbalan ngendi wae? Bis sing mlaku ndhok jalur utama wae sitok – loro kok. Jalur cilik-cilik lo malah wis mberah sing mati angkutane,” ngono sing dirungokake Kemisan.
Mulane nek ana cah sekolah sing dipeksa umbal ndhok dalan liyane jalur utama, isa tutug sekolahan senajan telat wae wis beja. Isa wae ra bakal tutug sekolahan.
Ndeloki kahanan ngene iki, mesthi wae, sing ape ngoprasi rak bakal tega. Nek meksa oprasi lalu lintas, sing isa tuk sekolahan, paling-paling ya mung sing diterake wing tuwane. Kamangka ora kabeh wong tuwa kober. Dha repot karo penggaweyane dhewe-dhewe. Mosok bocah dijarake ra duwe masa depan? Mosok sekolah-sekolahan kon tutup merga ra duwe murid?
Mulane, neng dalan-dalan sing pancen ra ana umbalane, sing penting bocah dituturi sing bener. Nek numpak montor sing ati-ati. Nganggo helem lan peranti keamanan liyane sing jangkep. Kurmat karo petugas lan pengendara liya neng dalan, lah padha-padha selamet. Lha jenenge wae isih bocah, ya teka ra usah bosen nuturi. Neng sekolahan dituturi wong tuwane, neng omah dibaleni wong tuwane.
“Wis ayo ngawiti mbutgawe. Wis ape jam wolu iki lo,” tembung pungkasane kancane ngiringi anggone Kemisan manthuk-manthuk.
Bausastra Dialek Jepara
rak : ora.
ijik : isih.
ndhok : neng, ana ing, ning.
blabak : peranti undhagi (tukang kayu), sikile dhuwur sing buri.
brak, ngebrak : papan panggon nukang.
mbutgawe : nyambut gawe.
dungaren : kadingaren.
ngedhur : nuli-nuli, tanpa mandheg.
taye : tah piye.
ndhung : darung, kedarung.
nglegewa : nguninga, nggatekake.
mberah : akeh.
nek : yen
nawane : menawa
kemput : tekan ing pungkasan.
umbal : numpang, nyewa tetunggangan nalika lelungan.
kemlipa : rumangsa duwe kabisan luwih saka kasunyatane
sitok : siji
ndelok : nyawang, nonton.













