Dening Sulismanto
Sasi Sawal wis meh entek. Telung dina meneh mlebu Apit. Ana sing ngarani Dulkangidah.
Kanggone Ki Juru, sasi Apit padha karo sasi-sasi liyane. Mulane, bareng Kemisan crita nek jebul sasi Apit wis dienteni, Ki Juru nglegakake takon, sapa reti Kemisan ape duwe kajat gedhe.
“Ora ana kajat. Lali taye nek Apit iku ana bada apem?”
Ukara saklimah iku wis ndadekake Ki Juru mudheng. Mesthi wae Kemisan seneng bakal weruh rasane apem conthong meneh, sawise setaun kepungkur. Rasane khas merga ana ganda godhong gedhang, saka conthong sing digawe nyithak nalika apeme dikukusake. Nek ra conthong ya apem bunder bakaran. Apem jinis iki biyasane dipangan karo juruh gula abang.
Pancen, neng kampunge wong loro iku, ana tradhisi bada apem saben Jemuwah Wage sasi Apit. Pas bada apem, kabeh warga milih gawe apem conthong utawa bakaran.
Neng sasi-sasi liyane, upama entuk apem, biyasane irisan. Dadi suguhan utawa brekat neng gone wong ndegawe utawa nyambat. Apem jinis iki dicithak neng loyang nalika dikukusake pas dimangsak. Mengko nek wis mateng, diadhemake, lagek diiris-iris. Kejaba ora ngandhut teges bada, rasane beda, ora kaya apem conthong lan bakaran.
“Iya teka, Ki, seneng perkara bakal mangan apem conthong. Nanging kanggoku sing luwih nyengsemake iku swasanane kok. Nek cara omongane cah saiki, atmosfer bada apem iku lo,” celathune Kemisan
Ki Juru ngandel wae. Merga pancen nek urusan panganan, Kemisan ora patia seneng mangan mberah. Apa sing jare wisata kuliner ya ora tau. Nanging nek perkara tradhisi, Kemisan ngêmênaké.
Babagan iki, ndelalah wong loro padha. Ki Juru karo Kemisan padha-padha ra menangi pitutur saka leluhur lan para sepuh sing biyen dipundhi neng kampunge. Dadine wong loro ora reti, geneya neng kampunge ana bada apem; apa sebabe umume sing digawe apem conthong lan bakaran; geneya kudu dina Jemuwah Wage sasi Apit; lan geneya sumba sing kanggo ngehi warna ora ana pathokane, wernane oleh apa wae saksenenge sing gawe.
Golek tulisan sing nyejarahake bada apem iku ya ora nemu. Loro karone maklum le ora ana tulisan sejarah, merga bada apem sing kaya neng kampunge iku wae, ora dileksanane neng kabeh kampung.
Tujune saiki jaman medhia sosial. Sawetara taun keri-keri iki, postingan bada apem viral, FYP neng medsose warga kampung liya. Sing asale ora duwe bada apem, wis angger melu. Saiki, bada apem Jemuwah Wage sasi Apit, saya separan-paran.
Neng panemune Ki Juru karo Kemisan, kuwi pratandha nek olehe dha bada apem, ora prelu golek pawadan sing ndakik-ndakik. Minangka wong Jawa sing labuh marang tradhisi! Iku wis cukup.
“Biyen simbah-simbah gawe, ya melu gawe. Tradhisi aja nganti ilang,” jare Kemisan.
Menawa wae, neng kampung sing asale ra duwe bada apem, banjur melu bada, pawadane ya padha.
Kuwi beda banget karo upamane, tradhisi apem neng kraton. Kabeh sarwa nganggo paugeran. “Lha wong umure priyayi sing njladreni wae ana aturane kok,” jare Kemisan.
“Suk meneh, ah,” jawabe nalika Ki Juru takon tuladha paugeran tradhisi apem neng kraton.
Kanggone Kemisan, kasunyatan nek anggone dha bada apem Jemuwah Wage sasi Apit kuwi mung merga labuh marang tradhisi, ora dadi ngapa. Wong barang apik wae kok. Tegese, ing wawasan kang sarwa winates iku, ana maneka kautaman sing dilestarekake.
“Mbuh iku kautaman guyub, seneng weweh, nguri-uri budaya, bombong dadi wong Jawa, srana kanggo kumpul terus donga bareng-bareng, lan maneka kautaman liyane,” unine Kemisan.
“Ngono temenan tah mblithuki, si?” Ki Juru entha-entha takon.
“Nek ra ngandel, erohi iki tanggal pira? Kalender nasional 16 April 2026. Lha neng penanggalan Jawa, Kemis Pon, 27 Sawal 1959, ra? Mengko esuk wis Jemuwah Wage, tapi isih tanggal 28 Sawal lo. Tegese, Apit taun iki ora ana Jemuwah Wage ra? Anane Jemuwah Wage meneh iku, suk Besar. Apa terus dha ora bada apem? Ndahipun, ah” Kemisan nggenahake.
Ki Juru manthuk. Nek ana taun kaya ngene iki, nyatane wong sadesane mamula dha gawe bada apem. Eman-eman nek tradhisi badan apem ilang setaun.
Terus kapan? Beda-beda. Karek dha sarujuk dina apa karo tangga-tanggane. Ana sing nggendholi pasaran, ndhug sing penting Wage. Nek sarujuk Kemis Wage, ya suk Kemis Wage. Nek sarujuk dina liyane, ya dina liyane. Ana sing nggendholi sasine, Apit, dinane sembarang.
Sing kulina selametan bareng neng prapatan, le gawe barikan angger disarujuki kapan. Sing kulina neng langgar, ana sing angger manut karo ngendikane imame. Mulane, upama jamaah mushola kene bada apem dina iki, warga prapatan kene isa dina liyane. Dene jamaah mushola RT liyane sing janjane pepetan, isa wae le bada apem suk kapan-kapan meneh.
“Lha sidane awake dhewe bada kapan iki ndhungan?” Ki Juru sing beneran durung krungu rancangan bada apem ndhok kampunge, sek temenanan le takon.
“Engko esuk mumpung Jemuwah Wage.”
“Tapi isih Sawal, lo?” Ki Juru gugup.
“Hambuh, dha selak kudu kok. Lek ndelalah Pak Dhukuh ngolehi?”
“Iku temenan? Nganti sasine Apit wae ora digendholi?”
“Temenan, ya. Kandhani dha selak kudu kok”
Blass.
Ki Juru sanalika ninggalake Kemisan, selak ape caturan karo garwane, lah gage-gage nga tuku glepung ge nggawe apem.













