blank

Dening: Lanang Setiawan

Sampéyan bener?!
Wabah kiyé pan langka pedhoté?
“Wis gagiyan!
Diawur-awurna, aja tanggung-tanggung!
Jagadé pan dilempit, lempita sisan!

Sampéyan bener?!
Ora gelem nyingkir…?!
“Wis. Nggrombolen kabéh!”

Sampéyan bener?!
Pan tetep créngkéng?!
Bléh nurut aturan, dhekem nang umah…?
“Wis! Metua kabéh!”

Saiki… ganti’a slogan:
Wong-uwong pada saba
dokter gantian ndhekem nang umah

Tontonen!
Sapa sing kuwat
lan sapa sing sekarat

Ora satitik dokter uga perawat
tamat riwayat

Lan kabéh kuwé…
ora ndadékna sampéyan priyatin

Daya keséhatané enyong
wis kenténgan kecoh idu lan kata-kata
kanggo njelasna apa
sing lagi kedadén….

Daya keséhatané enyong
wis kenténgan tenaga kanggo nangkal para korban
Daya keséhatané enyong
wis kélangan rai
ditampik para tetangga

Daya keséhatané enyong
wis kenténgan akal lan bahan
kanggo golét lindungan!

Daya keséhatané enyong wis kenténgan ide
kanggo golét dalan… ngrekes wabah sing
ngédap-ngédapi…!