blank
Den Bei Mas Pur

*SUJUD SYUKUR*

Geguritane Den Bei Mas Pur

Riyayané wus kapungkur
Sanak sedulur wus padha kondur
Ana sing numpak mobil ana kang numpak sepur
Malah uga ana sing numpak montor mabur
Merga saiki wis ora libur
Apa manèh sing dadi aparatur
Énggal kudu ngayahi jejibahan luhur
Nindakaké tupoksi kang wus diatur
Kanggo nggayuh masyarakat adil lan makmur
Baldatun toyibatun warobbun ghofur
Muga2 padha diparingi panjang umur
Rejekine sempulur
Ngibadahé saya akeh pratanda syukur
Silaturahmine ora kendhur
Murih saya rumaket le dadi sedulur.
Alhamdulillah wujud syukur.

Semarang 9 Juni 2019