blank

PANCASILA
Dening Mas Bey Puryono

Indonesia iku sugih lan jembar
Isen-isen bumi Nusantara sumebar ambalabar

Nusantara mencutake
Kabeh kang weruh gedhe pengine
Pengin ngregem ngeruk isine
Njaba njero ngumbar perbawane
Dimen mukti ing uripe

Elinga negara iki butuh pangreksa
Kabeh warga kudu mbudidaya
Jejeging negara
Saka panggodha saka njero lan njaba

Wis tau dicoba
Saka njaba ing wektu kang dawa
Saka njero ing maneka panggodha

Panguwasa bebarengan warga ora trima
Pancabaya padha disingkirna
Aji-ajine negara kang sajuga dicepakna

Aji-aji iki minangka tali
Kang agawe bangsa iki nyawiji
Aji-aji iki duwe kasekten sejati Nyangga negara saka tikus-tikus pithi

Apa aji-aji iku aranira
Wis padha uninga
PANCASILA
Kasektene wis cetha wela-wela
Tumrap Nusantara
Dadi SAKA negara lan talining bangsa.

Semarang…1 Oktober 2019

blank
Dr Ir Sri Puryono KS, MP, penggurit, Ketua KSBN Jateng